DHANDHANGGULA
Semut ireng anak anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keyong gondhang jamprak sungute
Timun wuku gotong wolu
Surabaya geger kepati-pati
gegere wong ngoyak macan
Cinandak Den wadhahi bumbung
Alun – alun Surakarto
Gajah meta/medal cinancang wit sidagurih
Patine cineker ngayam
Tembang ing dhuwur iku kerep kaprungu ing masarakat, nanging wong sing nembang terkadang ora ngerti menawa cakepane tembang iku isi pralambang warna – warna. Mengkene mungguh oncek – oncekane.
Semut ireng pralambange Dewi Supadi putri saka Wandhan ,
garwa pangrembe Prabu Brawijaya, pakulitane ireng manis.
Anak – anak sapi, peputra Lembupeteng.
Lumbupeteng iku kapundhut putra mantu dening Kyai Ageng Tarub, yaiku didhaupake
karo Dewi Nawangsih utawa Rara Kasihan.
Lembupeteng uga kasebut Bondhankejawan
Kebo bongkang, pralambange Kyai
Kebokenanga lan Kebokanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa
manjing agama Islam. Priyangung loro iku wasanane padha tumeka ing seda, yaiku
kang dipralambangake : nyabrang kali bengawan. Kyai Kebokenanga disedani dening Sunan Kudus,
Kyai Kebokanigara
seda muksa ana ing gunung Mrapi.
Keyong gondhang jamprak sungute,
pralambage Mas
Karebet utawa Jaka Tingkir, ing ngatase turunane wong cilik kok bisa
jumeneng Ratu.
Timun wuku gotong wolu, pralambange
Panembahan Senopati dijmenengake Ratu saka pambiyantune wong wolu yaiku 1) Ki Ageng Pemanahan (Ki Ageng Mataram), 2) Ki Juru Martani, 3) Ki Panjawi, 4) Ki Jurukithing, 5) Ki Buyut
Wirasaba, 6) Tumenggung Majang, 7) Pangeran Made Pandhan, 8) Adipati ing
Batang.
Surabaya geger kepati-pati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asama Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asama Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
Surabaya geger kepati-pati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asama Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asama Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
Gegere /Ana wong ngoyak macan cinandak den wadhahi
bumbung, pralambange Tumenggung Urawan (utusan Mangkurat ing Kartasura)
nalika nyekel kraman kanthi gampang, kang dadi panggedhene kraman Pangeran
Puger.
Alun – alun Surakarto Gajah medal cinancang ing wit
sidogurih………..sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake
lelurahe Srati kanga ran buyut Dirada) dicekel dening Pangeran Pringgalaya
(utusane sinuwun ing Kartasura). Sauwise kacekel kraman Dirana dicancang ana
ing wit wringin satengahe alun – alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi
dom nganti tumeka ing pati, yaiku kang dipralambangake : Patine
cineker ngajam.
No comments:
Post a Comment