Thursday 18 July 2013

BULAN ROMADLON BULAN BAROKAH,BULAN MAGHFIROH



 Hadirin poro jamaah  Rokhima kumulloh.
            Langkung Rumiyin Monggo Kito Munjukaken Raos Puji Syukur Kito Wonten Ngerso Dalem Alloh Swt, Ingkang Sampun Paring Mapinten2 Ni’mat Taufiq Hidayahipun Dumateng Kito Sedoyo Sahinggo Kito waget Manggihi Wulan Ingkang Agung, Wulan Ingkang Kebak Berkah Inggih Puniko Wulan Suci Romadlon >>>

            Selajengipun Monggo Kito Tansah Ningkataken Anggen Kito Sami Taqwalloh Saben Ndintenipun, , Awit taqwa Puniko Mujudaken Sangu Kito Marak Sowan Wonten Ngarso Dalem Allohu Robbull Izah Ingkang Saklangkung Sahe. Dawuh Dalem Alloh Wonten Alqur’an :
وتزوّدوا فإن خيرالزادالتقوى * واتّقونى يا أولى الآْلباب
Artosipun : Siro Kabeh Bisoho Podo Golek Sangu, Krono Saktemene Sak Apik2e Sangu Iku Taqwa, Lan Siro Kabeh Podoho Biso Wedi Kabeh Maring Ingsun (Alloh) Hei… Wong2 Kang Podo Duwe Aqal.
            Hadirin Rokhima kumulloh.
            Wonten Ing Wulan Suci Romadon Puniko Sedoyo Umat Ingkang Iman Dateng Alloh Dipun Wajibaken Nindaaken Siam. Syari’at Siam Meniko Sampun Wonten Milahi Zaman Umat2 Sak Derengipun Umat Muhammad Saw, Namung Ke Mawon Toto cara mawon Ingkan Benten2.  Kranten Tujuan Ingkang Baken Saking Lampah Siam Inggih Puniko Gembleng Manungso Kang Supados Estu2, Dados Tiyang Ingkang Taqwa. Kados Dawuh Dalem Alloh Wonten Alqur’an:
يا ايها الذين أمنوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَاِم كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَكُمْ تَتَقُوْنَ
Artosipun: Hei Wong Kan Podo Iman ! Di Wajib Ake Puasa Atas Siro Kabeh Koyo Anggone Di Wajib Ake Wong2 Sak Durung Siro Kabeh, Kang Supoyo Siro Kabeh Dadi Wong Kang Podo Taqwa.
Hadirin Rokhimakumulloh.
Kito Sami Ma’lum Bilih Wulan Romadlon Puniko Wulan Ingkang Agung, Kranten wonten Kaleh Perkawis:
  1. Kranten Ing Wulan Romadlon Alqur’an Dipun Turunaken, Inggih Puniko Setunggaling Kitab Suci Ingkang Dados cepenganipun Gesang Sedoyo Umat Manungso.
  2. wontenipun lailatul qodar( inggih wonten lailatul qodar puniko alloh damel pepesten tumrap sedoyo makhluk,  milai babakan rizqi, pati , sugih, mlarat bejo lan cilokon). Pramilo sintenipun tiyang ingkang nemen2ni ibadah wonten lailatul qodar, ibadahipun langkung sahe ketimbang ibadah 1000 wulan, (utawi sami kalih ibadah 83 tahun langkung.)
selajengipun lampah punopo ingkang langkung prayogi, ing lailatul qodar? 1. solat sunah matlaq 2 reka’at, saben2 sak reka’at ba’da fatihah mahos surat ihlas x7. lan ba’da salam mahos istgfar x70 ambalan.  2. ngatah2 aken mahos tasbeh lan istigfar. 3. melasi dateng tiyang fakir miskin ugi anak yatim kanti coro ingfaq / sodaqoh lidaf’il balak. 4 . ngatah2aken anggen kito mahos  اللهم ّ إنّك عفوٌّ كريمٌ تحبُّ العفوَ فَاعْفُ عَنِّى
lampahan kasebat dipun lampahi wonten saben2 malem ganjil, saking 10 dinten akhir  wulan romadon, lan ampun ngantos nilar jama’ah solat magrib, ‘isak, lan subuh. Milahi awal ngantos akhir saking wulan romadlon  jumbuh kaliyan dawuhipun rosululloh saw:

عن أنس بن مالك، قال: قال رسول الله صلى الله عليه وسلم: " مَنْ صَلَّى فِي أَوَّلِ شَهْرِ رَمَضَانَ إِلَى آَخِرِ شَهْرِ رَمَضَانَ فِي جَمَاعَةٍ فَقَدْ أَخَذَ بِحَظِّهِ مِنْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ " .artosipun:         
                                                                                                                                                                                                                                                                                                                            
 Saking anas bin malik rosululloh dawuh, 
sintenipun tiyang solat fardlu milahi awal ngantos akhir      sakingwulan romadlon kanthi berjama’ah mongko wong iku temen2 jipuk sak bagian saking lailatul qodar.
Keutamaan Wulan Suci Romadlon Kaperang Dados 3 tingkatan 
Miderek Hadis Nabi Saw:
شهرُ الرَّمضانَ أَوّلُها رَحْمَةٌ وَوَسْطُهَا مَغْفِرَةٌ وَأَخِرُهَا عِتْقٌ مِنَ النَّارِ  
Kebak Ampunan Dalem Alloh, lan Akhiripun Bulan Romadon Pembebasan tiyang iman Saking Benteripun Geni Neroko.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                     Pramilo Monggo Sareng2 Fastabiqul Khoerot Ing Babakan Peribadatan Kito wonten wulan romadon meniko, Rosululloh Sampun Dawuh Aken :
                                           من قام رمضان إيمانا واحتسابا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَمَ مِنْ ذنبه
Artosipun : Sopo Wonge Solat Taraweh Ing Wengine Wulan Romadon Kanthi Dasar Iman Lan Ihlas, Mongko wong iku Di Ngapuro Kabeh Dusa2ne Kang Wis Kliwat.
            Setungaling Hadis Saking Sohabat Anas Bin Malik (Ra) Rosululloh Dawuh, Ingkang Artosipun: 1 . Sopo Wonge   Ngrawuhi majlis Pengaosanan Ing Wulan Suci Romadlon, pramilo Alloh Nulis Kanggo Dewekne Saben2 Sak Jangkah, Kacatet Ganjaran Ibadah Setahun. LAn Besok Ono Ing Dino Qiyamat Biso Bareng2 Ingsun (Nabi) Ngiyub Ono Ing Isor عرش. 2. Sopo Wonge Nglanggengake Solat Jma’ah Ing Sak Jerone Wulan Suci Romadlon, Alloh Bakal Maringi Dewekne Saben2 Sak Rekaat, Di Paringi Kuto Siji Kang Kebak Nikmat. 3. Lan Sopo Wonge Bekti Marang Wong Tuwo Lorone Ono Wulan Suci Romadlon , Dewekne Bakal di Pirsani  Deneng Alloh kanthi Sifat Welas , Lan Ingsun Kanjeng Nabi Kang Bakal Nanggung Mlebune wong iku Maring Swargo.  4. Ora Ono Wong Wadon Kang mamprih Ridhane Bojo Lanange Ono Ing Wulan Suci Romadlon, Kejobo Dewekne Di Paringi Ganjaran Kang Podo Karo Ganjarane Dewi siti Mariyam Lan Dewi siti ‘Aisyah. 5. Sopo Wonge Nekani Hajate dulur Islam Ono Ing Wulan Suci Romadon, Gusti Alloh Bakal Nekani Hajate Wong Mahu sewu Hajat Ono Ing Dino Qiyamat.  Mekaten menggah kautaman2 wulan suci romadon Mugi2 aloh swt paring taufiq hidayah menggah kito sedoyo, saget kiyat nglampahi lampah2 sahe kasebat, lan saget manggihi  idul fitri, kanti bekto kemenangan ugi manggihi kabekjan.  amin  amin……..

No comments:

Post a Comment