Monday 15 July 2013

RAMADHAN LAN KEUTAMAANIPUN



Awalanipun atur mangga kita kunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahmat lan kanugerahan, kawilujengan dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makempal ing papan minulya punika, saperlu nindaaken kwajiban kita, kanti wilujeng mboten manggih pepalang satunggal menapa. Langkung langkung rahmahipun Allah rupi panjangipun yuswa  ngantos wanci punika kita saget pinanggih lan menangi malih wulan Ramadhan ing tahun punika,  Panyuwun kita mugi kita    pinaringana kekiyatan lan dhohiran wa bathinan  saget nindakaken jejibahan shiyam Ramadhan ngantos paripurna, lan sedaya amal ibadah kita tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. >>>


 Sak lajengipun kita ngunjukaken shalawat lan salam  katur  dumateng ngarsa dalem  Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu’alaihi wasallam lan sedaya kaluwarga tuwin para sahabatipun, lumeberipun dateng sedaya para penderekipun, kalebetna ugi kita sedaya minangka  ummat ingkang nampi syafa’at mbenjang ing yaumil akhir. Amin.  Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan  gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin.  Jalaran inggih namung iman lan taqwa punika minangka sangu ingkang langkung sae kangge     sowan kita sedaya wonten ngarsa Dalem    Allah Ta’ala, kados Allah sampun paring  dawuh :
وَتَزَوَّدُوافَإِنَّخَيْرَالزَّادِالتَّقْوَىوَاتَّقُونِيَاأُوْلِياْلأَلْبَابِ
 “Lan pada gaweha sangu sira kabeh, sejatine sak becik becike sangu iku taqwa, lan pada wediya sira kabeh ing Ingsun Allah he wong kang pada anduweni pikiran”(QS: Al Baqarah :197).
Para sederek Kaum Muslimin  ingkang Minulya,
Gilir gumantose mangsa mboten kraos sampun dumugekaken kita dateng satunggaling mangsa ingkang sampun dipun tenggo tumrap tiyang muslim. Ingkang saben tiyang ngarep-arep dumuginipun wulan puniko. Wulan ingkang kebak berkah,ampunan lan pahala ingkang agen sanget kangge sinten kemawon ingkang nindakkaken amal shaleh. Inggih wulan puniko mboten saneh lan mboten klentu inggih puniko wulan Ramadhan. Wulan ingkang kito sedoyo kawajibaken siyam, wulan inggkang Al-Qur’an dipun turunaken lan wulan ingkang gadahi kautamaan ingkang katah lan wulan ingkang saklebetipun wonten ndalu ingkang langkung utami menawi dipun kabandingaken kalian 1000 wulan inggih puniko malam lailatul qodar.
Kados dawuhipun Allah :
شـهـررمـضـانالـذيأنـزلفـيـهالـقــرأنهدىللــنـاسوبـيـنـاتمـنالـهــدىوالـفــرقــانفـمـنشـهــــدمـنكـمالــشــهـرفـلـيـصــمـه
Wulan Ramadhan, wulan kang ing sakjerone wulan kuwi wus di turunake  Al Qur’an, minangka pituduh tumraping manungsa lan kang mertelakake    marang   pituduh lan kang mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, mula sangka iku sapa wae kang menangi wulan Ramadhan becik supaya puasa ing wulan iki “  ( QS. Al Baqarah ; 185).
لــيــلــةالــقــدرخـيــرمـنألــفشــهـر
Sewengi lailatul qadar iku luwih bagus katimbang sewu wulan “

Wulan ramadhan puniko gadahi kautamaan ingkang katah sanget ing antawisipun :
1.  WULAN Ramadhan wulan kang dipun berkahi, dipun wajibaken siyam, pintu surga dipun bikak,pintu neraka dipun tutup lan para setan dipun blenggu. Kados wonten salah satunggaling hadits ingkang artosipun:  Saking  Abu Hurairah  :
 “Rasulullah maringi pawartos bebingah tumrap para sahabatipun kanti sabda:
 “Wus teko tumrap siro kabeh wulan Ramadhan, wulan kang diberkahi, Alloh ngwajibake poso, ing wulan iku pintu-pintu surga dibuka’, pintu-pintu neraka ditutuplan para syaithan di blenggu.lan ing sak jerone ono malam kang luwih utomo dibanding sewu wulan. Sopo wonge ora oleh kebeciane maka ora bakalan oleh opo-opo. (H.R. Ahmad dan An Nasa’i)

2.  Alloh nurunaken rahmat lan dipun apus dosa-dosa lan dipun kabulaken do’a. Kados ingkang dipun terangaken wonten salah satunggaling hadits saking sahabat Ubadah bin Ash Shamit riwayat Ath Thabrani.

3.  ing wulan Ramadhan umat islam dipun paringi 5 keutamaan ingkang mboten dipun paringaken dateng umat-umat sakderengipun, kados wonten ing hadits saking Abu Hurairah riwayat Ahmad  Rasululloh paring penjelasan bilih umatipun dipun paringi 5 kautamaan ingkang boten dipun parengaken dumateng umat sak derengipun, inggih puniko:
a.       Bau mulut tiyang ingkang nindakkaken soum ramadhan ing sisinipun Alloh langkung harum tinimbang
       kasturi
b    b.  Poro malaikat nyuwunaken ampunan kangge sinten kemawon ingkang berbuka.
c     c.  Para jin ingkang jahat dipun blenggu sahinggo mboten bebas gerak kados wulan lintunipun.
d    d.    Umat puniko dipun paringi ampunan ing setip akhir malam
e         e. Dipun paringi salah satunggale dalu ingkang lankung utami tinimbang sewu wulan. Inggih puniko lailatul   
          qodr.

Tasih katah kautamaan-kautamaan saking wulan Ramadhan ingkang mboten kongang dipun aturaken lumantar mimbar punika. Wusananing atur mugi mugi sedaya amal ibadah kita tinampia wonten ngarsanipun Allah langkung langkung shiyam kita, sageta sampurna ngantos dumugi sampurnanipun  wulan Ramadhan, saget ngasilaken buah ipun ibadah kita, inggih soyo tambah tambah ta’at lan taqwanipun dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala, akhiripun kaparingan khusnul khatimah. Amin.

No comments:

Post a Comment