Wednesday 17 July 2013

SIYAM ROMADLON



Mangga tansah sami netepi taqwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita , kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi rahasia,  kanthi tansah  nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya pepacuh, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan,  saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Amiin.
Kados dawuhipun Kanjeng Nabi : >>>>


اتّـق اللّه حيـثـمــاكنت واتـبــعالـســيّـة الحســنة تـمــحـها
Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan  ana sira,  kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan”.
Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa.  Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa.  Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala .
Kita mila manungsa limrah, titah sawantah, ingkang kongang khilaf lan salah, mekaten ugi kita kadang dumawah ing pendamel awon, nanging nalika sampun kadung tumindak awon, enggal enggala dipun tututi kanti pendamel sae, jalaran kesaenan menika saget nglebur lan mbusek pendamel awon, mekaten wau menggah kersanipun dawuh hadits. Tindakan mekaten supados iman kita punika tansah kareksa, ampun ngantos risak jalaran kedlarungipun pendamel awon saha mboten enggal dipun sadari lan dipun tututi kanti amal sae.
Miturut dawuh Al Qur’an  perwaca bilih hikmah ingkang paling utami shiyam punika supados kita langkung taqwa dumateng ngarsa dalem Allah Swt.
$ygƒr'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä |=ÏGä. ãNà6øn=tæ ãP$uÅ_Á9$# $yJx. |=ÏGä. n?tã šúïÏ%©!$# `ÏB öNà6Î=ö7s% öNä3ª=yès9 tbqà)­Gs? ÇÊÑÌÈ
Hai wong-wong kang beriman, diwajibake tumrap siro kabeh poso kang wus diwajibake tumrap wong kang sakdurunge siro, supoyo siro bertaqwa. (Al-Baqarah 183)
 Pramila kita ingkang sampun biasa nindakaken shiyam saben wulan Ramadlan punika ampun ngantos shiyam kita sekedar ngampet dahar lan ngunjuk ing wedal rinten kemawon , ananging kedah saget nuwuh aken hikmah inggih tambahipun taqwa kita dateng Allah Swt. Jalaran mila kasunyatan mboten sekedik tiyang nindakaken shiyam ananging mboten saget nggayuh hikmahipun shiyam sahengga tiyang wau kanti shiyamipun namung pikantuk ngelak lan luwe , kados dawuhipun Kanjeng Nabi
رُبَّصَـائِـم لَـيْـسَ مِنْ صِيَامِـهِ اِلَّاالـجُـوْع وَالْـعِطْش
 Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba    mung    ngelak lan luwe”  (HR. An Nasai, Ibn Majjah  lan Al Hakim).
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Mila shiyam punika mboten namung sekedar ngampet ngelak lan luwe, ananging ugi ngrupekaken didikan jasmani lan ruhani lan budi pakerti. Kanti shiyam kita kedah nglatih diri sabar, lan nahan diri kangge nilaraken samukawis kaenakan ingkang katah mengku doso ingkang dados kacenderungan saha panyengkuyung hawa nafsu. Pramila shiyam kita ampun ngantos namung nahan lisan menika saking perkawis ingkang lumebet, nanging kasunyatan ingkang langkung awrat mila njagi lisan saking perkawis ingkang medal saking lisan, inggih wijiling pangandikan ingkang kaprahipun gampil dumawah dateng perkawis ingkang nerak lan nerjang dateng pranatan syari’at agami.
Hikmah sanes, shiyam Ramadlan mengku didikan supados kita ningkataken kumawula kita kanti amal ibadah saha amal sosial , kerana saklebetipun wulan Ramadlan kita mboten namung shiyam ing wanci rintenipun , ananging ugi ngatah ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur’an, giyatipun pengaosan pengaosan, mekaten ugi amal amal sosial, kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, bektos dateng tiyang sepuh , welas asih dateng sederek lan sanes sanesipun, ingkang sedaya kala wau saget kita raosaken, sanget meningkat katimbang wekdal sanesipun wulan Ramadlan. Kanti tembung sanes bilih shiyam saget nyuburaken semangat ibadah, sae ingkang asifat sesambetan kaliyan Allah, utawi ingkang asifat sosial, sesambetan dateng sesamining makhluq langkung langkung sesami umat Islam.
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Ewa semanten, kok umpami wonten sederek kita ingkang sakit, lajeng dipun nashehati dokter kedah dahar obat saben wekdal tertentu, ingkang mboten mungkin tumrap piyambak ipun nindakaken shiyam. Mekaten ugi saranipun mboten kenging shiyam supados enggal mantun sakitipun, Ingkang mekaten menika agami kita maringaken kalonggaran, mangga mboten usah shiyam .Allah ugi maringaken kemirahan tumrap tiyang ingkang mboten anggadahi kemampuan siyam amergi sakit utawi nuju kesahan. Kanti dawuhipun ;
فَـمَـنْ كَانَ مِنْكُـمْ مَـرِيْـضًــاأَوْعَلَى سَـفَرٍفَعِـدَّ ةٌ مِنْ أَيَـامٍ اُخَرٍ
Mangka sing sapa wonge sangka sira kabeh iku nuju lara, utawa lelungan, nuli ora pasa, mangka wilangane ora pasa dilakoni ing dina dina kang liya”  ( QS. Al Baqarah : 185 )
Para sederek kaum Muslimin Rahimakumullah,
Supados shiyam kita saget ngasilaken pahala kito kedah mangertosi punopo ingkang dados sebab utawi syarat angsal pahala.inggih puniko Syarat angsal pahala puasa: Di antara syaratipun: supados berbuka puasa kanti dahar tedoi ngkang halal. Menawi berbuka kanti daharan ingkang haram panyunwunanipun bakal mboten dipun ijabahi.
Tiyang ingkang siyam kedah berjihad, artosipun bilih tiyang mu’min ing wulan ramadhan nglampahi kaleh jihad, inggih puniko:
1. Jihad kangge diri pribadi ing wekdal siang hari kanti nindakkaken puasa.
2. Jihad ing wekdal dalu kanti nindakaken shalat malam.
Sinten ingkan madukaken kalih jihad kolo wau pramilo netepi hak-hakipun lan sabar. Niscaya dipun paringi pahala kan mboten kewates.
Akhiripun Mangga kita upayaaken amrih siyam kita punika langkung bermakna, saha ngasilaken hikmah hikmah ingkang katah tumrap kita sedaya,  saha tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.

No comments:

Post a Comment