Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami taqwalloh
saben ndinten ipun, kranten
kanthi Taqwa,
kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia
akhirat. Monggo samiho tansah nindaaken kesabaran, langkung2 naliko nampi ujian
saking alloh, sebab kito gesang meniko temtu dipun uji deneng alloh, kang supados
saget dipun sumrapi pundi tiyang ingkang leres2 saestu iman dateng alloh, ujian
kolo wahu ugi maneko warni, wonten ingkang arupi luwe / kekirangan sandang pangan, ajreh
sudo bondonipun/ jiwonipun, ajreh rugi daganganipun soho lintu2 nipun.>>>
Lan sabar puniko penting2ipun perkawis, kranten sarono sabar meniko sedoyo perkawis ingkang dados cita2 nipun bade khasil.
قال الله تعلى: ولنبلونكم بشيئ من الخوف والجوع
ونقص من الاموال والانفس والثمرات وبشر الصابرين*الذين اذا اصابت هم مصيبة قالوا
انا لله وانا اليه راجعون
Ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
Lan
saktemene ingsun (alloh) nyubo ing siro kabeh kelawan rupo2ning sifat wedi,
luwe, sudo bandane, jiwane, lan sudo penghasilane. Lan aweho bebungah siro
Muhammad ing wongkang podo biso netepi sabar, kelawan bakal oleh suwargo. iyang
sabar inggih meniko tiyang ingkang wekdal nampi musibah / bilahi piyambakipun
tansah nyebut innalillahi wainnailairoji’un. (yakin saklebetipun manah bilih, sak istunipunkulo sedoyo
meniko,kagunganipun alloh, kulo sedoyo dumateng gusti alloh inggih bade wangsul).
عن عبد الله
ابن عباس قال : كنت خلف النبيى يوما فقال: ياغلم انى اعلمك كلمات احفظ الله يحفظك
احفظ الله تجده تجاهك*اذاسالت فاسال الله واذاستعنت فاستعن بالله واعلم ان الامةلو
اجتمعت على ان ينفعوك بشيئ لم ينفعوك الا بشيئ قدكتبه الله لك*واذااجمعت على ان
يضروك بشيئ لم يضروك الا بشيئ قد كتبه الله عليك رفعت الاقلم وجفت الصحف رواه
ترمذى
Ingkangartosipun:
Sohabat abdulloh bin abas r.a. wonten wingkingipun kanjeng nabi, midangetaken kanjeng nabi dawuh: ya… ghulam! Ingsun kepingin mulang maring sliramu sing cekak aosyo iku: sliramu sing supoyo ngrekso ing pangeran siro, tegese ngrekso ing ferdlu2ne gusti alloh, khad2te alloh, lan tansah netepi taqwa soho ngedohi larang2ane alloh utawo barangkang ora di ridloni deneng alloh, sing koyo mengkono iku gusti alloh mesti banjur ngrekso marang siro, ngrekso ing dalem awak siro, anak2 bojo siro, lan donyo siro, soho agomo siro, luweh2 ngrekso ing dalem ati: lan persasat ono ing arep siro, naliko siro nyuwun, nyuwuno marang alloh ta’ala, lan naliko siro butuh pitulungan , nyuwuno pitulungan maring alloh ta’ala, ojo
pisan2 ghulam.. sliramu kumandel marang pitulungan/ pawewehing menungso. Sebab menungso iku haqiqine podo sliramu, lan sliramu duweho keyakinan saumpamo manungso sak alam dunyo kumpul dadi siji saperlu weweh manfa’at marang sliramu iku mekso ora biso, kejobo perkoro kang wis dadi pestine alloh ta’ala. Semono ugo sebalike wong sak alam dunyo dadi siji saperlu gawe mlarat marang sliramu tetep ora biso, kejobo perkoro kang wus pinesti deneng alloh ta’ala.
Kabeh mahu wus ono pestine lan tulisane ono ing azali. Qolam wus diangkat lan kertas wus garing dadi pestine gusti alloh.
Mangertoso bileh
hadis kasebat ageng sanget manfa’atipun lan dados modal ingkang ageng, kangge njagi
haq2 ipun alloh, soho masrahaken pribadi kito dateng alloh.
Riwayat lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh…
*وقال حد يث حسن وفى رواية
غيرالترمذىاحفظ الله تجد ه امامك تعرف الى الله فى رخائي يعرفك فى الشدة واعلم ان
ما اخطئك لم يكن ليصيبك وما اصابك لم يكن ليحطئك
* واعلم ان النصرمع الصبر وان الفرج مع الكرب وان معالعسريسرا*

ngreksoho
siro ing alloh, mongko alloh ugo mesti ngrekso ing siro, lan persasat ono ing ngarep
siro, ngenalo siro marang alloh ing dalem wektu bungah, kang supoyo alloh ta’ala
mengko mirsani siro ing dalem wektu susah, weruho yen barang mahu wus kapesti luputing
siro mesti ora bakal ngenani ing siro, sebalike endi2 barang kang wus kapesti tumibo
ing siro, mongko mesti ora bakal luput ngenani ing siro, lan ngertiho ghulam..
yen pitulungi ku ora bakal tumeko tanpo kesabaran. Semono ugo bungah iku tumeko
dikanteni nglakoni susah luwih disik, lan gampang iku kudu kangelan luwih disik.
Selajengipun wonten pitakenan mekaten,
menopo
lepat nyuwun pitulungan dating sesame menungso?
Jawabipun:
boten ,menggahaturansyae’at, malahwontendawuhqur’an:
وتعاونوا على
البر والتقوى ولا تعاونوا على الاثم والعدوان
Artosipun: Podo
tetulungo siro kabeh ingatase penggawe kang becik lan taqwa, lanojotetulung
siro kabeh ingatase penggawe doso lan memungsuhan.
Dados
naliko nyuwun tulung dateng sesami menungso meniko manahipun kedah neqodaken bilih
ingkang saget nulungi haqeqodipun inggih namung gusti alloh, lumantar menungso,
dados manungso kolo wahu namung dados sababiyahipuntiyangnampipitulungan.
Walkhasil: Kito kedah nindaaken syare’at ugi haqeqot, sarea’t meniko dados urusanipun
kawulo, wondene haqeqot meniko dados urusanipun pengeran. Ing akhiripun syari’at
tanpo haqeqot lerkadyo rogo tanpo nyowo. Menggah Syare’at tiyang menikowajib hukumipun
ihtiyar, wondene secara hakekot manah kedah sumarah dateng ngerso dalem alloh
saw.
Pramilo
tiyang naliko katemben nembe nampi cobi saking alloh arupi sakit, kekirangan rizqinipun/
lintunipun boten kengeng lajeng putus asa, nanging kedah tansah ngajeng2 dateng
rohmat dalem alloh, jalaran sedoyo karupekan meniko temtu wonten jembaripun, sedoyo
perkawis ingkang bundle temtu bade udar. Ugi sedoyo masalah mesti wonten jalan medalipun.
Mugi2
alloh tansah maringi ma’unah, taufiq ugi hidayahipun menggah kito sedoyo,
inggih puniko pinaringono sifat sabar ingkang ageng damel ngadepi permasalahan2
ipun gesanging alam dunyo meniko.amii……….n.
Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami taqwalloh
saben ndinten ipun, kranten
kanthi Taqwa,
kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia
akhirat. Monggo samiho tansah nindaaken kesabaran, langkung2 naliko nampi ujian
saking alloh, sebab kito gesang meniko temtu dipun uji deneng alloh, kang supados
saget dipun sumrapi pundi tiyang ingkang leres2 saestu iman dateng alloh, ujian
kolo wahu ugi maneko warni, wonten ingkang arupi luwe / kekirangan sandang pangan,ajreh
sudo bondonipun/ jiwonipun, ajrehrugi daganganipun soho lintu2 nipun. Lan sabar puniko penting2ipun perkawis, kranten sarono sabar meniko sedoyo perkawis ingkang dados cita2 nipun bade khasil.
قال الله تعلى: ولنبلونكم بشيئ من الخوف والجوع
ونقص من الاموال والانفس والثمرات وبشر الصابرين*الذين اذا اصابت هم مصيبة قالوا
انا لله وانا اليه راجعون
Ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
Lan
saktemene ingsun (alloh) nyubo ing siro kabeh kelawan rupo2ning sifat wedi,
luwe, sudo bandane, jiwane, lan sudo penghasilane. Lan aweho bebungah siro
Muhammad ing wongkang podo biso netepi sabar, kelawan bakal oleh suwargo. iyang
sabar inggih meniko tiyang ingkang wekdal nampi musibah / bilahi piyambakipun
tansah nyebut innalillahi wainnailairoji’un. (yakin saklebetipun manah bilih, sak istunipunkulo sedoyo
meniko,kagunganipun alloh, kulo sedoyo dumateng gusti alloh inggih bade wangsul).
عن عبد الله
ابن عباس قال : كنت خلف النبيى يوما فقال: ياغلم انى اعلمك كلمات احفظ الله يحفظك
احفظ الله تجده تجاهك*اذاسالت فاسال الله واذاستعنت فاستعن بالله واعلم ان الامةلو
اجتمعت على ان ينفعوك بشيئ لم ينفعوك الا بشيئ قدكتبه الله لك*واذااجمعت على ان
يضروك بشيئ لم يضروك الا بشيئ قد كتبه الله عليك رفعت الاقلم وجفت الصحف رواه
ترمذى
Ingkangartosipun:
Sohabat abdulloh bin abas r.a. wonten wingkingipun kanjeng nabi, midangetaken kanjeng nabi dawuh: ya… ghulam! Ingsun kepingin mulang maring sliramu sing cekak aosyo iku: sliramu sing supoyo ngrekso ing pangeran siro, tegese ngrekso ing ferdlu2ne gusti alloh, khad2te alloh, lan tansah netepi taqwa soho ngedohi larang2ane alloh utawo barangkang ora di ridloni deneng alloh, sing koyo mengkono iku gusti alloh mesti banjur ngrekso marang siro, ngrekso ing dalem awak siro, anak2 bojo siro, lan donyo siro, soho agomo siro, luweh2 ngrekso ing dalem ati: lan persasat ono ing arep siro, naliko siro nyuwun, nyuwuno marang alloh ta’ala, lan naliko siro butuh pitulungan , nyuwuno pitulungan maring alloh ta’ala, ojo
pisan2 ghulam.. sliramu kumandel marang pitulungan/ pawewehing menungso. Sebab menungso iku haqiqine podo sliramu, lan sliramu duweho keyakinan saumpamo manungso sak alam dunyo kumpul dadi siji saperlu weweh manfa’at marang sliramu iku mekso ora biso, kejobo perkoro kang wis dadi pestine alloh ta’ala. Semono ugo sebalike wong sak alam dunyo dadi siji saperlu gawe mlarat marang sliramu tetep ora biso, kejobo perkoro kang wus pinesti deneng alloh ta’ala.
Kabeh mahu wus ono pestine lan tulisane ono ing azali. Qolam wus diangkat lan kertas wus garing dadi pestine gusti alloh.
Mangertoso bileh
hadis kasebat ageng sanget manfa’atipun lan dados modal ingkang ageng, kangge njagi
haq2 ipun alloh, soho masrahaken pribadi kito dateng alloh.
Riwayat lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh…
*وقال حد يث حسن وفى رواية
غيرالترمذىاحفظ الله تجد ه امامك تعرف الى الله فى رخائي يعرفك فى الشدة واعلم ان
ما اخطئك لم يكن ليصيبك وما اصابك لم يكن ليحطئك
* واعلم ان النصرمع الصبر وان الفرج مع الكرب وان معالعسريسرا*
Ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
ngreksoho
siro ing alloh, mongko alloh ugo mesti ngrekso ing siro, lan persasat ono ing ngarep
siro, ngenalo siro marang alloh ing dalem wektu bungah, kang supoyo alloh ta’ala
mengko mirsani siro ing dalem wektu susah, weruho yen barang mahu wus kapesti luputing
siro mesti ora bakal ngenani ing siro, sebalike endi2 barang kang wus kapesti tumibo
ing siro, mongko mesti ora bakal luput ngenani ing siro, lan ngertiho ghulam..
yen pitulungi ku ora bakal tumeko tanpo kesabaran. Semono ugo bungah iku tumeko
dikanteni nglakoni susah luwih disik, lan gampang iku kudu kangelan luwih disik.
Selajengipun wonten pitakenan mekaten,
menopo
lepat nyuwun pitulungan dating sesame menungso?
Jawabipun:
boten ,menggahaturansyae’at, malahwontendawuhqur’an:
وتعاونوا على
البر والتقوى ولا تعاونوا على الاثم والعدوان
Artosipun: Podo
tetulungo siro kabeh ingatase penggawe kang becik lan taqwa, lanojotetulung
siro kabeh ingatase penggawe doso lan memungsuhan.
Dados
naliko nyuwun tulung dateng sesami menungso meniko manahipun kedah neqodaken bilih
ingkang saget nulungi haqeqodipun inggih namung gusti alloh, lumantar menungso,
dados manungso kolo wahu namung dados sababiyahipuntiyangnampipitulungan.
Walkhasil:
qito kedah nindaaken syare’at ugi haqeqot, sarea’t meniko dados urusanipun
kawulo, wondene haqeqot meniko dados urusanipun pengeran. Ing akhiripun syari’at
tanpo haqeqot lerkadyo rogo tanpo nyowo. Menggah Syare’at tiyang menikowajib hukumipun
ihtiyar, wondene secara hakekot manah kedah sumarah dateng ngerso dalem alloh
saw.
Pramilo
tiyang naliko katemben nembe nampi cobi saking alloh arupi sakit, kekirangan rizqinipun/
lintunipun boten kengeng lajeng putus asa, nanging kedah tansah ngajeng2 dateng
rohmat dalem alloh, jalaran sedoyo karupekan meniko temtu wonten jembaripun, sedoyo
perkawis ingkang bundle temtu bade udar. Ugi sedoyo masalah mesti wonten jalan medalipun.
Mugi2
alloh tansah maringi ma’unah, taufiq ugi hidayahipun menggah kito sedoyo,
inggih puniko pinaringono sifat sabar ingkang ageng damel ngadepi permasalahan2
ipun gesanging alam dunyo meniko.amii……….n.
No comments:
Post a Comment